blog

blog

Minggu, 31 Oktober 2010

Kidung Megatruh Kagem Ki Surakso Hargo (Mbah Marijan).

Lir selo kencono sinangling dening gurindo
suminar mangambar ambar ing tepis wiring argo dahono
jejer siro mangadeg jejeg, tan polah ora obah dening gebyaring tatit
opo maneh hamung swarane sato kewan pating jlerit 

Dumadi jalmo prasojo kang pinilih dadi jogoboyoning giriloko
mangadep praptaning beboyo kanti wani pindo satrio pinandito   
roso kecing jroning kalbu pijer digeguyu
ora sudi tinggal glanggang colong playu

Senajan yuswo siro kadyo srengenge wayah sore
hananging tetep sregep lan prigel ing gawe
tan keno ginodo kedeping netro wewe ngawe-awe
abot utowo enteng disunggi ono pundake dewe

Jaragan wis dadi kersaning Sang Hiang Murbeng Dumadi
siro tinakdir praloyo dening geni pinuju sujud semedi
mugo-mugo keno kanggo pepeling wayah putu ing tembe mburi
kareben biso mangayu bagyo hayuning buwono asri
kanti sesanti: suro diro  joyoningrat lebur dening pangestuti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar